Bismillahirrahmanaanirrahim

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Matur Nuwun mbok bilih namung punika ingkang saged kawula sak kulawangsa hangaturaken pinangka piwales kagem panjenengan sedaya ingkang sampun paring pambiyantu dhumateng:
xxxxx
Bilih mboten wonten manungsa ingkang saestu kalis saking kalepatan lan kekilapan, inggih ingkang kasengaja utawi mboten, semanten ugi xxxxx. Pramila kawula sekadang kanthi ikhlas sarta andhaping manah nyuwunaken pangapunten, mugi panjenengan sedaya kersa paring pangaksama kairing panyuwunan mugi sadaya dosa lan kalepatanipun xxxxx saged dipun paringi pangapunten dening Allah SWT, lan mugi amal kesaenanipun duk rikala maksih sugeng saged katampi, saha kapapanaken wonten ing Suwarga Janatulnaim.

Kawula sakadang hanamung saged ndherek dedungo mugi Allah SWT paring Berkah ingkang hawujud lumebering kasarasan sarta kabegjan lahir tumusing batos milai saking donya dumuginipun alam akhirat dhumateng sedaya pambiyantu Bapak/Ibu/Sedherek.

Wassalamu'alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh


Dhuh Gusti Allah
Mugi Kaapunten sedaya dosa kalepatanipun xxxxx
lan Mugi kersa paring Rahmat ingkang minulya 
inggih punika dunungipun alam kasuwargan.

Rinaos nembe kala wingi kula sakadang kinudang-kudang, 
 dening sih katresnaning pun xxxxx
kados-kados dereng wonten sapucukipun rekma.
Anggen kawula para Sedulur caos piwales.
Ananging, Gusti Allah SWT, Ingkang Hamurbeng Dumados,
sampun hanimbali xxxxx ing kasedan jati,
Sugeng marak sowan ing ngayunanipun Gusti. 
manggih bagya mulya ing ngalam langgeng.

Dhuh Gusti Allah
mugi sedaya amal shalekah lan kasaenanipun xxxxx
rikala sugeng ing alam donya, katampi minangka kuncining suwarga.
Bilih wonten sesuker ingkang arupi kalepatan saha tindak ingkang nerak sarak,
mugi linebur kanthi pinaringan pangaksama.

Dhuh Gusti Allah, 
Mugi kersa paring kasuwargan ingkang rinengga endahing
sih katresnan lan welas asih paduka,
ugi ingkang taksih tinilar wonten alam bebrayan agung punika
tansah ginanjar kawilujengan, kabegjan lahir tumusing batos selami-laminipun
Amin, Yaa Rabbal'alamin

0 komentar:

Posting Komentar

About